Dicriosaken marang sebuah
deso ono pemuda kang gagah prakasa
asmane jaka tarub.jaka tarub se-nggriyo karo bapake.senalika ing wayah sore bapake jaka tarub lagi nyapu....
bapak : “huhft....awan-awan koyo ngene iki enake
ngombe jus buah naga .....sing rasane wenak lan seger tenan....”(karo nyapu
latar omah).
Senalika jaka tole lan jaka
lele teko amargi wis janjian arep metu
alias hang out karo jaka tarub...
Jaka tole lan jaka lele: “Assalamualaikum....”
bapak :”walaikumsalam
...mirsani sopo kwe kwe teko nang omahku
sing gedene koyo istana iki....!!!!!!!!!!!”.(karo nunjukake ekspresi ketus)
Jaka tole :
“niku ....aku arep hang out karo jaka
tarub beng koyo artis2 kenteng kae...”
Jaka lele :”
iyo bener iku bro....brodol.......kyo adipati dolken,alghazali,teuku
rasya,brandon salim,stevan willy willy love you....pokokke sing kenteng2 kyo
aku kae lah....”
Jaka tole : “sing terakhir kuwi terusane
never-never miss you.....eh ngapuro khilaf...opo ngerti ketemu jodoh widodari”.
bapak :”
halah.....jodohmu mung siji tok sing pantes kambeg kwe yaiku WEDUSS!!!!”
Ora let suwi jaka tarub metu
soko omahe....amargi ngerungokake kabisingan ing jobo...
Jaka tarub :”
weh......para pangeran wis kumpul.....hahahaha”(tangan dipinggang).
Jaka tole lan jaka lele:” hahahaha....”
bapak : “waduh
anakku juga melu sableng....nasib..nasib....”
Jaka tarub :
“pamit ndisik ya pak....”
bapak :”iyo
ati-ati ...nek ono watu singkiraken...mengko tibo...nangis”.
Jaka tarub :
“sippp...”(menunjukan jempol)
Sakwise 3 jam......bapak telepon anake amargi ono urusan kang
penting.....
bapak : “hallo!....asalamualaikum”
Jaka tarub :”walaikumsalam....
wonten nopo pak.....kula zek dangdutan niki pak.....hayo reg digoyang
oplosane...joss....joss..”
bapak : “lho kok
rak ngejak bapak..?..eh....bali menyang omah cepet.....bapak arep melu
pengajian nang omahe mbak tutik....”
Jaka tarub : “mbak
tutik sing endi...?”
bapak : “mbak tutik....sing untune metu sitik kae lho
le.....”
Jaka tarub : “oh iku.....yo iki arep bali....”
bapak : “yo wes yo....wasalamualaikum”
Akhire jaka pamitan marang
kanca-kancane yen dheweke arep bali.
Jaka tarub :
“aku bali ndisik yo ...tole ,lele....bapakku melu pengajian aku dikon bali nang
omah....”
Jaka tole : “oh yo wis rak popo
rub....balio mrono..”
Jaka tole
& joko lele: “ati-ati....”
Jaka tarub :”iyo .....”
Sawentara iku ing panggonan
liyo ono 4 widodari lan raja karo ratune enten masalah ing khayangan...raja
keton rak tenang lan ekspresine gelisah....sang raja ngundang putri-putrine
kanggi omongaken masalah.....
Raja :”hah....”(karo
bolak balik)
Ratu :”ono
opo romoku sing paling ganteng....ono oposeh...!?...nduk ..nduk mreneo....”
4 widodari : “inggih mimi....”
Ratu :”ayune
anak-anakku koyo aku...opo maneh nawang wulan
pualing manis tenan...”
Nawang wulan :” oh yo ...iyo to...”
Nawang mawar :
“lho mi...kula sing paling ayu kuwi to mi....aku iki perawatan nganggo kapor
baros ...lha kowe nganggo opo..?”
Nawang laras :”Aku...?aku nganggo banyu asah-asah
piring...lha kowe mbak yu nganggo opo...?”
Nawang intan :”aku nganggo banyu kumbahan...yo
nek kowe mbake nganggo opo?”
Nawang wulan
:”yo nek aku...yo...nganggo banyu kobokan to...heahtsz”
Nawang intan :” yo bener awakmu rak enak
ambune...wong raupe nganggo kobokan...!”
Nawang laras : “ojo koyo ngunu mbak...mengko
ngejleb ing ati...”
Nawang mawar :
“ngene lho sing ngejleb iku...kowe niku kemproh rak tau adus koyo wedus
tenan...hihhh...!!!”
Nawang wulan :
“la timbang awakmu,atine loro tersakiti karo lanang di php,dikei pemberian
harapan PALSU....Jare pak dilamar endi buktine orak dilamar-lamar ...karo
sopoiku...?!,karo dewa domba!”.
Ratu :”wis-wis
rak usah podo padu....lambemu iku lho leber!...sing paling ayu ke mak...wis
saiki adus mrono marang bumi ...”
4widodari :”
inggih mimi....”
Raja :”jane ke aku heran iso nduweni
putri-putri sing koyo kae...”
Ratu : “ojo koyo kuwi to romo...”
Raja : “permaisuriku sing ayu ne koyo
ratu eli .....sugigi....undangno ajudan..!”
Ratu : “hih....romo...sing penting aku
iki istrimu....dan...ajudan....!”
Ajudan : “siap kanjeng ratu....enten nopo
kanjeng ratu ?”
Raja : “ajudan...saiki aku mrintahke
awakmu ...anak-anak ku wis
pirang-pirang tahun orak tahu
ados...nganti ambune masyaallah......lurokno telaga sing resik,wangi,lan wis
teruji marang IPB lan ITB...!”
Ajudan :”siap paduka raja.....kula arep
ngelaksanakake printahe paduka raja
sampek metu getih putihku....”
Raja : “laksanake tugasmu ajudan....”
Sakwentara
ajudan ngeluru telaga kangge putri-putri paduka raja,ke papat widodari mau
akhire lungo medon soko kayangan marang bumi kanggo adus ing telaga,nanging ora
ketemu dadine para widodari mau dolan ing taman....
Nawang intan :”
lho kok nang kene jare arep adus....”
Nawang wulan:” yo orak popo ....mumpung taman
iki izek apik.....ayo dolan ing taman iki wae...telagane izek dilurogno ajudan
iku...”
Nawang mawar: “apik apane si mbak ..wong
kemproh kok ngene diarani apik....”
Nawang sekar :
“wis to ...melu mbak wae”
Nawang wulan: “wis ....ayo ayo....”
Nawang sekar :
“mbak niki selendange seleh endi?”
Nawang wulan :”wis depek kene wae....ke ono
enggon akeh..!”
Nawang mawar:”lho....kok depek kene to mbak
mengko rusuh selandangku iki”
Nawang intan :
“iyo mengko rusuh mbak ...selendange niki apik mbak....ojo ngawur delehe”.
Nawang wulan: “wis to mumpung iki ono panggonanne....ndepek!depek!depek!...(Karo
selendange di depek/dekek).....saiki sekarep... pak
bandulan,muter-muter,loncat-loncat,jungkir walik ....sakerepmu”.
Sakwentara
iku....jaka tarub ora sengaja weruh para widodari mau isih podo dolanan ing
taman ....jaka tarub akhire nduweni fikiran kanggo jepuk selendange para
widodari mau....amargi pengen didadekna bojo.....
Jaka tarub :
“wah widodari kui ....arep tak jepuk ah selendange...”(karo ngendap-ngendap,lan
milih selendang).
Sakwentara
kuwi para widodari boring lan akhire kepengen podo nari lan nyanyi.... Wektu
iku Suasanene pun rame banget lan para warga podo melu nari.......
Nawang mawar: “mbakyu nari njo ben asik ora
badmood...”
Nawang intan :”
iyo bener iku mbak”.
Nawang wulan: “aku isin to....”
Nawang laras :
“wis ayo mbak bareng-bareng...”(tari
prahu layar/praon).
*Warga=jaka tole,ajudan,pak
penghulu,narator,lan liyane.
Sakwise
podo nari lan nyanyi....para widodari mau akhire arep podo balik ing
kayangan...nanging ajudan telepon..
Nawang wulan:” hallo....”(hp kuwalik).
Nawang sekar :
“kuawalik iku mbak...”
Nawang wulan:”oh..hallo..”(karo awake
mbalik).
Nawang intan :
“hpne to mbak.....”
Nawang mawar: “nduwe mbayu kok ndeso tenan”.
Nawang wulan:”hallo...sinten niki”
Ajudan :
“ajudan”
Nawang wulan: “oalah ajudan ....ono opo dan?”
Ajudan :”
iku telaga ing ngarep pabrik gondo wis dikuras.....dadi non putri ora biso adu
ndisik.....”
Nawang wulan: “oh...koyo ngono to...yo wis
rak popo....kesuwon yo dan....”
Ajudan :
“yo...”
Nawang intan :
“ono opo,ono opo?”
Nawang wulan : “iku telagane wis dikuras”
Nawang intan,laras,mawar : “oh......”
Nawang wulan : “yo bali...wis sore
iki....,lhoh elendangku nang endi?”
Nawang laras :”la
mak depek endi?”
Nawang intan :
“hayo kowe mbak....rak io balik...”
Nawang wulan: “mau tak depek kene
iki....aduh.....pye iki”
Nawang mawar: “warah kowe mbak...didukani
ayahanda.....kowe mbak...”
Nawang wulan: “piye iki.....aku rak io balik
ing kayangan.....aduh.....ayo luru selendangku...”
Sakwentara
iku wektu wis arep maghrib........
Nawang intan:”wah piye iki mbak....wi arep
maghrib niki.....”
Nawang mawar: “iyo balik sek yo mbak....”
Nawang laras :
“iyo iku mbak....”
Nawang wulan: “lha aku piye balike mosok
mabur nganggo tangan kyo iki....”(gaya mabur).
Nawang intan :
“wis tenang mbak....saiki mbak balike numpak taksi wae....”
Nawang wulan: “taksi?”
Nawang mawar: “iyo ora opo-opo si mbak
....ojo koyo wong susah...!,dada mbak....”
Nawang intan :
“wis yo gampang yo....ayo balik....”
Nawang laras :”
luru ndisik selendangmu.....”
Nawang wulan: “ah....nelangsa tenan
uripku..ojo tinggalke aku dewe aku rak seneng jomblo.....”(karo nangis).
Sakbaline
widodari balik ing khayangan,jaka tarub nemoni widodari sing keri....ben sok
pahlawan.....
Jaka tarub :
“ono opo to mbak?....”
Nawang wulan:
.....(nangis)
Jaka tarub :
“ono opo mbak...mbak...?”
Nawang wulan :” selendangku iku ilang aku rak
iso balik neng khayangan”
Jaka tarub :
“sampyen balike nang khayangan?”
Nawang wulan: “yo iyo wong aku
bidadari...ups,,,keceplosan”
Jaka tarub :
“bener”
Nawang wulan: “yo iyo wong ayune koyo
ngene....”
Jaka tarub :
“kenalan sek aku joko tarub...sopo jenengmu?”
Nawang wulan: “nawang wulan...saiki aku pye
mosok pak turu ing dalan....dadi gembel...”
Jaka tarub :
“nang omahku purun?”
Nawang wulan: “adoh po ra?”
Jaka tarub :”ora
...pereg kok....”
Nawang wulan: “oh yo wiss ...dari pada aku
turu nang kene....”
Jaka tarub :
“ayok...”
Akhire nawang wulan melu jaka bali
menyang omahe lan ketemu bapake
Jaka tarub :”
Assalamualaikum”
Bapak :”walaikumsalam...lho
sopo iku le...”
Joko tarub :”iku
pak...hem...nemu ....”
Bapak :”nemu...?,manungso
opo dudu kuwi kok nemu?”
Jaka tarub :”iki
asline iku......”
Nawang wulan: “sssstt.......”
Jaka tarub :
“manungsa pak......”
Nawang wulan: “nami kula nawang wulan.....”
Bapak :
“oh nawang wulan....”
Jaka tarub :”iki
nawang wulan arep nginep nang omahe ndewe...amarga omahe ke gusur....bapak
setuju opo ora?”
Bapak :”oh...yowes
...ayo mlebu....”
Wektu
jaka tarub mlebet ing dalame omahe....jaka langsung ngeluru tempat kanggo ngumpetake
selendange nawang wulan....
Jaka tarub :”
wah......arep selehke endi iki....kene mengko ketahuan,kene mengko gondol
curot....,nah kene wae ,....aman....aman”
Akhere wis setahun nawang wulan ngenggoni ing omahe jaka tarub....lan senalika bapake
jaka tarub pengen anake kawin lan nduweni cucu....
Bapak : “joko.....joko.....”
Joko tarub :
“enten nopo pak....”
Bapak :” bapak iki pengen nduweni
cucu....cepet ....nikah o....kowe kan ganteng koyo sing nanggon anak
jalanan....sopo iku...hm...stevan william”
Jaka tarub :”
ah bapak iso wae.....la karo sopo...?”
Bapak :”karo kae lho(karo ngelirik nawang
wulan seng jek nyapu)”
Jaka tarub :
“yo ...pak e.....aku arep ngomong marang nawang wulan ndisik ...”
Bapak : “semangat yo...le...”
...........
Nawang wulan : “eh...mas joko....ono opo
mas...?”
Jaka tarub :”
jegok ndisik......neng ayu....”
Nawang wulan: “ah....gombal.....enten nopo
seh mas....”
Jaka tarub :
“kowe kuwi wis setahun kenal aku....aku nduweni...rasa....”
Nawang wulan: “rasa opo si mas....rasa
troberi,rasa vanila....coklat ,,opo
melon?”
Jaka tarub :
“em....hmm....rasa....tresno..”
Nawang wulan: “ojo koyo ngono to mas ....isin
aku....aku...yo iyo...ahaha”
Jaka tarub :
“yowes nikah yuk.....”
Nawang wulan: (mantuk-mantuk)
Lan
akhire jaka tarub lan nawang wulan nikah......jaka tarub lan nawang wulan
nduweni anak kan namane jaka gendeng
......sakwise pitung tahun nikah....rahasiane joko tarub akhire kebongkar.....
Nawang wulan: “nduk....nduk....nduk....nduk...”
Jaka gendeng :”
nopo bu ....”
Nawang wulan:” jegokno.....krupuk neng kono
mrono....”
Jaka gendeng :”
opo iki...?.....selendang ....bu niki selendange sopo nggih?”
Nawang wulan: “lho iki selendangku....sing
tak goleki tahun-tahunan....aku rak iso balik ing khayangan......mas ...kang
mas....mas....mas...”
Jaka tarub :
“enten nopo...?”
Nawang wulan : “iki opo?”
Jaka tarub :
“selendang”
Nawang wulan : “nemu nang endi...?”
Jaka tarub :”
ing taman”
Nawang wulan: “lho kok iso sih ....! iki
selendangku sing ilang mbiyen!,aku gak iso balik ing khayangan goro-goro
iki...”
Jaka tarub :
“kuwi selendangmu to...?”
Nawang wulan:” iyo...rak iso balik aku
goro-goro iki mbok colong....wis saiki aku pak balik ing khayangan wae wis...”
Jaka tarub :
“ojo.....”
Nawang wulan : “wis aku pak bali
sedulur-sedulurku ngenteni.....”
Jaka gendeng :
“bu ...bu...ibu pak lungo nang endi...?...iki sebenere enten nopo..?”
Nawang wulan: “aku iki sebenere bidadari sing
ayu....tenan.....wis aku pak bali wae...”
Jaka gendeng :
“bu.....”
Nawang wulan: “kowe pak melu aku opo bapakmu...?”
Jaka tarub :
“melu bapak wae...melu bapak wae...”
Nawang wulan: “nak kowe melu aku ketemu
dewa....wis balik wae ayok.....”
Akhire kejadiane tragis
dramatis lan fantastis......jaka tarub ditinggalaken nawang wulan lan joko
gendeng marang khayangan.....jaka tarub akhire depresi....jaka tarub kesepian
lan kelangan semangat lan tujuan urip....jaka tarub kelangan hal sing paling
penting sing dheweke tresnani...nopo mawon sing diawali nggawe hal sing
ala,bakal kena dampak alane
akhir-AKHIRE............SALAM JEHA...
NASKAH TEKS SANDIWARA BAHASA JAWA “JAKA TARUB 2016”
DISUSUN OLEH : 9H
·
Agnes Salma <02>
·
Arifurrohman <05>
·
Bagus Wicaksono <06>
·
M.Restu Akbar N. <13>
·
M.Awwalul M. <15>
·
M.Nur Afif <16>
·
M.Hamdi <17>
·
Nadim <19>
·
Nilna Amanatul M. <21>
·
Okky Alfarisqi <22>
·
Rizma Oktaviani <26>
·
Winda Oktaviani <29>
SMP NEGERI 06,PEKALONGAN TAHUN AJARAN
2016/2017
miss it :)
BalasHapushi nawang wulan...
BalasHapus